Kamulyan Jati

Wong urip ning alam donyo                               

Sak temene hamung sedelo

Ngati-ati lan setiti

Eling waspodo tansah di gowo

Ojo leno ojo neko-neko

Wani ngalah wani nyolong sak umpamane

Ngalah supoyo selamet

Nyolong ugo supoyo slamet



Kamulyan Jati



Wong urip ning alam donyo 

Ojo ngumbar nafsu angkoro

Adigang adigung adiguno

Bondo donyo drajat pangkat

Ora bakal di gowo akherat

Ojo dumeh mengko ndak keweleh


Wong urip ning alam donyo

Ngibadah lan manembah kudu di tindakno

Memuji marang Gusti kang Moho Wiseso

Kuwi wis dadi kuwajiban kito

Sing nindakno bakal entuk nugroho

Berkah barrokah akherat donyo

Sing lali tansah di ujo

Ing tembe bakale tuno

Ciloko rekoso ning neroko


Ayo sedulur ayo konco

Golek kawruh supoyo weruh

Yen wis weruh kanggo pangerten

Yen wis ngerti banjur di lakoni

Yen wis nglakoni bakale Djowo

Sangu kito ing alam donyo

Ora liyo hamung dedongo


Mulyo lair mulyo batine

Mulyo ati mulyo pikire

Mulyo rogo mulyo sukmane

Mulyo urip mulyo patine

Mulyo soko Gustine


Iku kang aran kamulyan jati

Share this

Related Posts

Previous
Next Post »